Powered By Blogger

Lencana Facebook

Selasa, 19 Juli 2011

Zaman Edan

Zamane zaman edan,
munggah mbulan numpake dokar,
politik saiki dadi dhangdutan,
rakyate kere enthek digoyang.
Sing penting ora kurang mangan.
Mangan tempe iwake tahu.
uteke memble morale kleru.

Zamane zaman edan,
wedang kopi gulane tebu
Rakyat gak eruh sapa sing digugu
Elite kabeh gak kenek ditiru
Kabeh nurut udhele dhewe
Nguyuh mbengi nyirami latar
Elite muntah rakyate lapar.

Zamane zaman edan,
tuku jemblem nang wak Tukiyem
wong cilik meneng ketoke tentrem
atine panas getam-getem.
Wong cilik ora bakal gumuyu.
Dhendheng goreng dioseng-oseng
Celeng dhegleng koq nyalon Presiden.

Sidhunata (2003)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar